"Prasasat langit kabukak saka pucuk menyang ujung lan nibakake udan geni. Awakku kabèh kaya kageret lan tanganku meksa nggegem revolver. Kokang revolver ngeper bali, aku krasa sisih ngisoré popor sing dipoles lan kala iku mawa swara garing tur mbrebegi kuping, kabeh diwiwiti. Aku gedheg-gedheg niyat nyingkirake kringet lan panasing surya. Aku nglenggana, yen aku wis ngrusak imbanging dina, kasunyatan astamiwa sawijining pasisir ing ngendi sadurunge aku krasa tentrem. Sawise iku aku isih nembak ing sawijining awak sing ora obah manèh ping papat, mimise mlebu kabeh, ora katon ing mripat. Lan swarané kaya ndhodhog lawang kasangsaran kaping papat cacahe."