Buku Jago Basa Jawa menika dipunrakit kanthi adhedasar Kurikulum Muatan Lokal Basa Jawa Tahun 2022. Buku menika dipunajab saged mbiyantu para murid SD/MI anggenipun nyinau basa Jawi saha para kadang dwija anggenipun nglampahi jejibahan mucal para murid babagan piwulang basa Jawi.
Salebetipun Buku Jago Basa Jawa menika kaserat perangan-perangan penting kangge nggampilaken kadang dwija nggulawenthah para murid. Perangan kasebat inggih menika:
Kompetensi Akademik ingkang awujud capaian pembelajaran minangka ancas utawi tujuwan ingkang badhe dipunwulangaken dhateng para murid. Supados anggenipun ngasta materi Basa Jawa langkung sae, dipunwiwiti kanthi:
Eksplorasi konsep, awujud pangertosan dhasar ngengingi materi ingkang badhe dipun wulangaken.
Gladhen, awujud latihan-latihan ingkang ngiyataken pamahaman materi ingkang sampun dipuntampi para murid.
Tugas mirunggan, awujud praktek-praktek prasaja ingkang magepokan kaliyan materi supados para murid pikantuk pengalaman belajar.
Kaprigelan Basa, awujud pengalaman belajar mendalam kanthi kagiyatan memahami, mengaplikasi, saha merefleksi supados para murid trampil saha langkung greget anggenipun nyinau Basa Jawi.
Gladhen Pasinaon, awujud maneka warna soal-soal (pilihan ganda, isian, saha uraian) ingkang dipunrakit kangge mangertosi pamahaman para murid tumprap capaian pembelajaran ingkang sampun dipunwulangaken para kadang dwija.